Minggu, 04 Maret 2012

sesorah


SESORAH
Assalamu'alaikum wr.wb.

Nuwun,

Para sesepuh, para wredha-mudha saha para rawuh sadaya, ingkang kula kurmati.
Mangga kula dherekaken sami angaturaken puji lan syukur ing ngarsaning Pangeran Allah SWT, ingkang sampun tetela tanpa wilangan anggenipun paring rahmat, nikmat, hidayat dhateng kawulanipun. Rahmat, kita dipun paringi sipat ingkang boten dipun paringaken dhateng titah sanesipun, temah kita saged nalar-nalar, ngetang-etang kedadosan ingkang sampun kapengker lan ingkang badhe dumugi. Kita saged mbedakaken pundi sae lan pundi awon.

Nikmat, kita dipun paringi kacekapan kabetahan kta, raos aman tentrem, susah, remen. Kita dipun paringi umur panjang kangge ngraosaken endah edining donya.
Hidayat, kita kaparingan saged eling dhateng ingkang peparing. Mila kita saged syukur, matur nuwun dhateng Gusti ingkang Maha Agung.

Para rawuh kakung putri ingkang kinurmatan,

Tahun...2009.........sampun kapengker, boten badhe saged wangsul. Sadaya ngamal tumindak kita ugi sampun kalampahan, boten badhe saged wangsul. Alhamdulillah kita kaparingan nalar, ingkang kenging kangge milang-milan lan nimbang-nimbang bab awon saening tumindak kita ingkang sampun kapengker lan angrantam tumindak ingkang badhe dhateng. Tetela tumindak ingkang kirang prayogi ing taun kapengker saged kita singiri ing taun ingkang badhe dhateng. Inggih punika perlunipun Allah paring tambahing yuswa. Tambahan umur punika kangge nebus tumindak awon ingkang kapengker, kangge nambahi ngamal sae. Punika rahmatipun Pangeran. Punika asihipun Allah ingkang kaparingaken dhateng kita.
Pramila mangga pungkasing taun punika sami kita wilang-wilang sami kita petang, sapinten amal sae kita piyambak-piyambak, ngamal awon punapa ingkang nate kita tindakaken.
Kinanthen prasetya, niyat ingkang kiyat, badhe ngindhaki kasaenan lan nilar tindak cinedha.

Saestunipun, boten saben taun kemawon kita kedah milang ngamal tumindak kita. Nanging saben dinten, saben wungu sare, kita ngenget-enget tumindak kita sadinten ingkang kapengker. Sepinten ngamal sae lan sepinten ngamal awon. Mila saben wungu sare kita sami andedonga: Matur nuwun Gusti, dening Panjenengan sampun nangekaken kula saking pejah (tilem) lan dhateng Paduka kula badhe wangsul. Wangsul kanthi mbekta tanggung jawab kita gesang ing ngalam donya. Manawi kita tansah enget tanggung jawab wau, mesthinipun kita tansah ngatos-atos sabarang tumindak, amrih misil lan prayoginipun.
Saben maletheking tanggal, kita wilang ngamal kita, mila lajeng andedonga: Duh Gusti, mugi mletheking tanggal punika saged amewahi iman lan aman dhateng kita. Iman lan aman tegesipun mengku pangajab sageda nindakaken kasaenan kanthi rancag boten wonten pambengan. Ing pungkasaning taun mesthinipun inggih kedah mekaten.

Para rawuh kakung putri ingkang kinurmatan, ngengeti andharan kula ing ngajeng, mila mangga kula dherekaken:

Sepisan : naliti ngamal kita piyambak-piyambak ing taun kepengker. Kita tintingi pundi awon/sae. Naliti ngamalipun piyambak kemawon, boten susah naliti ngamaling sanes.

Kalih : Mangga sami niyat, ngajap, wiradat, nambahi ngamal sae kita, mepet lan meper tumindak ingkang boten prayogi.

Katiga : Nyenyuwun dhateng Pangeran, mugi-mugi kalepatan ingkang kita sandhang ing taun kapengker dipun paringana pangapunten. Ndedonga mugi-mugi ing taun enggal dipun paringi kekiyatan nindakaken ngamal sae, mepet ngamal awon.

Sekawan : Mangga sami ngapunten-ingapunten ing antiwisipun warga, geseh lan grejeg ingkang sampun dipun lalelaken, wangsul manunggal, sayuk rukun, saiyek-saeka kapti, sesarengan rumagang ing damel, boten adamel kapitunaning asanes.

Makaten para rawuh kakung putri, andharan ringkes ingkang saged kula aturaken. Mbok manawi wonten andharan saha atur ingkang kirang prayogi, wontena kepareng panjenengan paring pangapunten ing kula.

Mangga sami asesanti:
"SURA DIRA JAYA NINGRAT LEBUR DENING PANGASTUTI"

- INGKANG BADHE DHATENG KEDAH LANGKUNG SAE TINIMBANG INGKANG KAPENGKER -


Matur nuwun,

Wassalamu'alaikum wr.wb. 






 




Sabtu, 19 November 2011

posting pertama

hai teman teman blogger,  ini merupkan posting pertama saya, nantinya akan saya isi dengan catatan pribadi saya artikel - artikel yang bermanfaat

Pages